Gancaran tembang kinanti pada 1 sampai 6

Gancaran tembang kinanti pada 1 sampai 6

Pembahasan :

tembang kinanti serat wurangleh sunan pakubuwono IV

Dengan Jual Foto Online, Kamu Bisa Dapat Cuan. Ini Caranya!

Aplikasi Neo Plus Resmi OJK, Bisa Hasilkan Uang

Cara Menghasilkan Uang dengan Game Penghasil Uang

pada 1

Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
pesunen sarinarira,
sudanen dhahar lan guling

tegese :

Pada ajaran/nglatih ati,
Supaya batinmu dadi pinter,
Ojo seneng mangan lan turu,
Gen iso kawujud opo sing dikarepake,
Prihatino awakmu,
Kurangono mangan lan turu

Gancarane :

kabeh ajaran kuwih nglatih ati,
supaya batin awak dewe dadi pinter milah-milah opo kang becik lan opo kang ala,
aja mung seneng mangan lan turu, amarga mangan lan turu ora tumandang penggawean kuwi lakune wong kesed,
seng sregep tumandang supaya kawujud apa kang dadi karepe ati,
awak dewe kudu prihatin, ngurangi mangan lan turu

pada 2

Dadiya laku niraku,
Cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan – sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka,
nyuda prayitaning batin

tegese :

Supaya dadi kebiasaan,
Nyegah mangan lan turu,
Lan ojo seneng – seneng
Oleh seneng – seneng nangig sauntara wae,
Jalaran wong seneng – seneng iku ala
Marakake sudha prayitnane ati

gancarane :

nyegah mangan lan turu supaya dibiasaake,
iku tandane wong kang prihatin,
lan ojo mung seneng seneng,
ole seneng seneng namung sautara waktu,
ora terus terusan,
amarga wong kang seneng seneng tak wae iku ala,
marakake ati ora bisa waspada

pada 3

Yen wis tinitah wong agung,
ywa sira gumunggung adhi,
aja nyelaki wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak – ajak,
satemah anenulari

tegese :

Yen koe dititahake dadi wong gedhe (wong luhur)
Koe ojo banjur umuk
Ojo cedhak – cedhak karo wong ala
sing elek tumindake
jalaran ora wurung
bakal nulari

gancarane :

yen awakmu dititah ake (ditakdirno) dadi wong pangkat
ojo terus dadi sombong,
ojo kekancan karo wong kang ala tumindake
amarga, wong kang ala tumindake bisa nulari
awak dewe

pada 4

Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
yen pantes raketana,
darapon mundah kang budhi

tegese :

Sanadyan ala laire (njabane),
yen kelakuwane apik,
utawa sing ndue akeh carita,
carita sing bias dadi kauntungan,
yen apik cedhakono,
supaya mundhak budimu

gancarane :

sanajan wong duwe rupa ala,
nanging duweni kelakuan becik,
utawa anduweni pangalaman kang luhur
yen apik ajak kekancan
suppaya awak dewe ketularan budi luhure